Cariyos dipunwiwiti rikala Parni, salah sawijining kancanipun Jemini manggihi Jemini nembe dolanan kalih kanca-kancanipun. Parni ngalokaken Jemini bilih sampun boten pantes dolanan kopyok kalih kanca-kancanipun amargi piyambakipun sampun diwasa.
|
tokopedia.com |
Kalih minggu malih Jemini badhe dados manten.Ing sawijining dina, Jemini karo kanca-kancane main kopyok neng ngisor wit pelem mburi tangsi. Parni teka nggendhong adhine karo didulang. Weruh Jemini melu kopyok, terus nyaru.
Jemini dolanan saha priksa menawi badhe dipunnikahaken dening tiyang. Bab nikahan menika dipunmangertosi Jemini saking pangandikanipunParni. Parni ngendika bilih Jemini badhe dipunnikahaken kalih minggu malih.Jemini kaget mireng kandhanipun Parni menika.
Jemini boten ngira bilihtiyang sepuhipun badhe nindakaken bab menika. Kanca-kancanipun sami nyuraki Jemini.Jemini ingkang lingsem amargi dipunsuraki kancakancanipun,menyat mlayu wangsul sinambi sesenggukan nangis. Jeminingraosaken menawi tiyang sepuhipun sampun boten blaka dhatengpiyambakipun.
Sawijining dinten, Wagiman angsal tugas patroli. Piyambakipundipuntugasaken sesarengan kaliyan Urip. Urip ngertos bilih Wagiman menikaramanipun Jemini. Kekalihipun sami gineman kanthi akrab. Anggenipun gineman ngantos ngrembag bab mantenan.
Urip gadhah niyat badhe ngajaktiyang sepuhipun dhateng griyanipun Wagiman kanthi ancas nglamar Jemini.Wagiman sampun ngraos cocog kaliyan priya kasebut.
Piyambakipun lajeng nyariyosaken gineman nalika kaliyan Urip menika dhateng garwanipun. Kekalihipun nampi panglamaripun Urip tanpa dipunmangertosi dening Jemini. Jemini kapeksa nyaguhi kekajenganipun tiyang sepuh.
Jemini kaliyan Urip siyos dipunikahaken. Acara nikahan dipundamelageng. Dangunipun setunggal minggu acara mantenan menika dipungelar.Acara mantenan langkung sumarak nalika dipuntanggapaken ringgit sahatayuban.
Dene tiyang satangsi tumut rerewang ing acara ageng menika.Temanten kekalih lengkah sesandhingan. Dene para tamu sami nyalamimanten menika. Sedaya tiyang bingah manahipun, nanging boten kangge Jemini.
Sejatosipun, Jemi boten purun nikah kaliyan Urip. Saksampunipunmanten manggihi tamu, kekalihipun mlebet kamar kangge istirahat. Jemini tasih dereng purun tilem sapapan kaliyan Urip.Nikahan antawisipun Jemini kaliyan Urip boten linandhesan tresna.Mila, ndadosaken Jemini boten purun rumaket kaliyan Urip.
Awit sakingacara mantenan, piyambakipun namung lenggah ing klasa. Jemini tumindak menika supados Urip boten nyelaki. Saksampunipun acara mantenan, Jemini dipunboyong menyang tangsinipun Urip ing Sambongan. Piyambakipun tasih dereng purun celak kaliyan Urip. Pinten-pinten cara dipunginakaken Jemini supados Urip boten saged nyelaki.
Urip sampun sayah sanged. Piyambakipun sawetara tilem, lajengwungu glagapan nalika slompret mungel pitandha wanci apel enjing. Nalika menika Urip langsung enget dhateng Jemini. Urip kaget sanget nalika mangertosi Jemini boten wonten ing papan peturon. Urip gadhah penggalih bilih Jemini sampun wungu saha nembe wonten ing wingking.
Sawetara wekdal dipunantu Jemini boteng enggal wangsul. Pranyata Jemini lumajeng medal saking kamar wanci enjing sakderengipun tiyang tangsi sami wungu.Jemini rumaos wonten kesempatan nalika Urip sare. Piyambakipun sampun niyat badhe medal saking tangsi Sambongan menika. Wanci enjing piyambakipun ngupados mbikak lawang kamaripun.
Menika katindakake supados Urip boten wungu. Pranyata cara menika manjur. Jemini kasil medal saking kamar menika. Dugi njawi kamar, Jemini pados margi medal ingkang tumuju ing papan asalipun.
Jemini boten ngertos margi menyang tangsi Bandongan, nanging piyambakipun runut ril sepur ngantos dumugi Pasar Turi. Dumugi papan menika, piyambakipun sampun ngertos margi ingang tumuji menyang tangsinipun.
Udakara tigang wulan Urip sabar ngentosi Jemini wangsul, nanging ingkang dipunentosi boten enggal wangsul. Kapeksa Urip mangsulaken sandhangani sisihanipun menika menyang marasepuhipun.
Piyambakipun pasrah nguwalaken Jemini Jemini saha Urip kadadeyan anggenipun pisahan. Saksampunipun pisahan, Urip dipunpindhah saking kamar tangsinipun. Piyambakipun wangsul menyang kamar kangge serdhadhu ingkang dereng rabi.
Dene Jemini tumut tiyang sepuhipun malih. Jemini sampun dipunwastani randha, nanging solah bawanipun tasih sami kaliyan bocah. Sipatipun dereng ewah kamangka sampun diwasa.
Enjing umum-umum Jemini sampun medal pados codhotan jambu ing Kampung landa. Yuswanipun ingkang samsaya tambah, saged ngewahi sekedhik saya sekedhik sipatipun Jemini ingkang nakal. Sakmenika Jemini sampun purun dipunkengken blanja. Rasukanipun adhi-adhinipun dipunumbahi, kala-kala ugi ndulang adhinipun ingkang alit.
Jemini dados gundhik kawiwitan saking pangajakipun Kadinah. Kadinah menika tiyang tangsi ingkang dipunmunci dening Den Sutras. Kadinah nate ngajak Jemini nalika nyinyapaken dhaharan kangge Den Sutras. Sanesipun Den Sutras, piyambakipun ugi dipunpercaya kangge ngladosi Den Radian.
Pakulinanipun Jemini ingkang asring tumut paring dhaharan menyang papanipun Den Radian menika ndadosaken priya menika kepencut dhateng Jemini. Jemini ingkang sampun diwasa pancen katingal somorot. Pawakanipun saged ndadosaken gregeting jiwa tiyang kakung nalika nyawang Jemini. Samanten ugi Radian ingkang kecanthol manahipun dhateng Jemini.
Radian ingkang sampun kecanthol manahipun dhateng Jemini menika nyuwun supados Jemini saged dados gundhikipun. Radian ngaturaken niyatipun menika dhateng Wagiman, ramanipun Jemini. Menawi purun dipunmunci, Jemini bakal dipunboyong menyang Betawi. Wagiman lajeng ngaturaken niyatipun Radian dhateng Jemini.
Jemini dados muncinipun Radian saha dipunboyong menyang Betawi. Tumindakipun Radian ing Betawi beda sanget menawi dipunbandhingaken kaliyan nalika tasih wonten ing Surabaya. Ing Surabaya, radian kalebet tiyang ingkang sekethik anggenipun gineman, kamangka gineman kalih Jemini ugi jarang. Radian kalebet tiyang ingkang kirang grapyak kalih tanggi tepalih.
Piyambakipun langkung remen pados hiburan piyambak tinimbang srawung kalih tangginipun. Radian menika tiyang ingkang disiplin. Kagiyatanipun sampun dipunatur saben jamipun. Dangu anggenipun Jemini tumut Radian, Jemini dereng saged tepang kaliyan Radian amargi tuwanipun menika awis anggenipun wicantenan.
Jemini asring angsal pasiksan saking Radian. Kahanan menika kadadeyan nalika Radian tepang kaliyan ciu. Pasiksan ingkang tinuju dhateng Jemini boten namung pasiksan lair kemawon. Sanesipun pasiksan lair, Jemini ugi asring dipunhina kaliyan Radian.
Pasiksan ingkang kados mekaten dipunwastani pasiksan batos. Jemini ugi nampi tumindak ingkang kirang kepenak sanesipun, inggih menika ngelecehaken.
Radian asring nyiksa Jemini saksampunipun tepang kaliyan ciu. Wanci dalu Radian remen lelungan. Menawi sampun mekaten, Radian mesthi wangsul wuru. Radian ugi nate boten langsung wangsul menyang griya nalika wuru. Radian wangsul wanci dalu sempoyongan saha misuh-misuh. Jemini dipunsiksa.
Radian boten emut kaliyan tumindakipun amargi kapengaruh dening ciu. Piyambakipun ingkang nembe wuru narik rigmanipun Jemini kiyat-kiyat utawi njambak. Rigmanipun Jemini dipuntarik saha dipunangge teken Radian ingkang nembe sempoyongan menika. Tumindak ingkang kasar kados mekaten menika kalebet pasiksan lair. Jemini asring nampi pasiksan dening Radian.
Kajaba pasiksan lair, Jemini ugi nampi pasiksan batos. Jemini asring dipunhina saha dilokaken ngangge tembung ingkang kasar. Tembung-tembung kasar menika boten pantes dipunmirengaken tiyang sanes.
Rikala samanten, Radian manggihi cangkir bekas kopi ing pengaron sisih ngandhap. Panduganipun Radian, Jemini mesthi sampun wantun mlebetaken priya ing griya. Radian sampun muntab dhateng Jemini. Dene sejatosipun ingkang dugi menyang griyanipun Radian menika Siti. Siti menika tasih sedulur kaliyan Jemini.
Radian boten pracaya menawi ingkang dugi menika Siti, amargi kala wingi Siti sampun dolan ing griyanipun. Radian lajeng ngumbar kanepsonipun dhateng Jemini. Jemini boten kiyat nglampahi pagesangan ingkang mekaten. Piyambakipun gadhah niyat badhe medal saking papanipun Radian. Niyatipun menika dipuntindakaken nalika Radian sare.
Astanipun Jemini dipunlebetaken ing ngandhap bantalipun Radian kangge mendhet kunci kamar. Jemini ugi badhe mendhet arta kangge sangu medal. Jemini kedah waspada saha ngatos-atos supados Radian boten wungu Jemini nglampahi cara mekaten supados saged medal saking papanipun Radian. Kamar sengaja dipunkunci dening Radian.
Dene kuncinipun dipunsimpen ing ngandhap kasur. Jemini bingung kados pundi caranipun supados saged mendhet kunci menika tanpa nyebabaken Radian wungu. Jemini pados cara ingkang pas kangge medal saking papan menika. Pungkasanipun, Jemini angsal cara kangge medal saking kamar menika.
Jemini kadadeyan anggenipun medal saking papanipun Radian. Nanging nalika sampun wonten ing njawi pager tangsi, Jemini bingung badhe tindak menyang pundi. Nalika mireng suwantenipun sepur, Jemini gadhah penggalih badhe kesah ingkang tebih saking Betawi. Jemini mlampah tumuju asal suwantenipun sepur menika. Lmapahanipun dumugi stasiun Pasar Senen.
Jemini lajeng tumbas karcis, nanging tasih bingung badhe tindak menyang pundi. Piyambakipun lajeng emut ngendikanipun Wak Talib. Menawi menyang Padalarang Jemini dipundhawuhi tumuju tangsi Batujajar, lajeng mampir wonten dalemipun Raden Kartakusumah, Wak Talib gesang wonten mriku. Langsung kemawon Jemini tumbas karcis ingkang tumuju ing Padalarang.
Setunggal wulan Jemini tumut Wak Talib ing dalemipun Raden Kartakusumah. Piyambakipun ketingal krasan. Raden Kartakusumah saha tiyang ingkang wonten ing mriku ugi ketingal bingah nalika Jemini tumut ing dalemipun Raden Kartakusumah. Namung margi basanipun Jemini boten ngertos, radi rekasa menawi imbal wicara. Garwanipun Wak Talib ingkang asring dados jurubasa.
Wagiman sarta garwanipun nusul menyang Batujajar. Rawuhipun Wagiman menika kangge nepangi Jemini. Dumugi dalemipun Raden Kartakusumah, Wagiman sarta garwa langsung dipunsambut dening Jemini. Jemini bingah nalika nepangi tiyang sepuhipun. Nanging Wagiman langsung ndukani Jemini amargi saben dipunikahaken kesah. Wagiman rumaos lingsem saha kuwatos bilih menika dados watakipun Jemini.
Jemini dipundukani dening Wagiman. Dipunajak wangsul menyang Surabaya. Jemini ingkang rumiyin penculatan, ingkang kala wau tasih ringas anggenipun mapag tiyang sepuhipun, sakmenika dipundukani ramanipun namung saged tumungkul. Sakmenika sampun diwasa temenan. Solahbawanipun tumuwa. Manahipun sampun tumuwa, tumunggul menawi nembe dipundukani. Tiyang sepuhipun sejatosipun ugi gumun.
Jemini sakmenika sampun owah temenan, penggalihipun tata, polatanipun ugi jenjem. Tiyang sepuhipun ugi gadhah pangajeng-ajeng dhateng wategipun Jemini. Sepur ingkang dugi saking Kutoarjo, mlebet Surabaya sampun dalu. Jemini kaliyan tiyang sepuhipun pados dhokar kangge wangsul menyang tangsi. Dumugi ngajeng tangsi penumpang sami mandhap.
Lampu gas ing pinggir margi nyoroti dhokar ingkang nembe mandheg radi tebih saking ngajeng tangsi menika. Wagiman lapur dhateng penjaga tangsi, wangsul malih ngrewangi kulawarganipun mbeta barang ingkang cacahipun radi kathah.
Oom Piet ingkang nembe tugas njagi tangsi nyelaki Jemini. Oom Pietemut kala samanten Jemini nembe nikahan. Jemini inggih boten pangling kalih Landa Dawa menika. Piyambakipun kelingan dipuninguk Oom Piet saking jendhela. Jemini kemendel nyablek lengenipun Oom Piet. Dicablek mekaten, Oom Piet rumaos bingah lajeng tumut ngrewangi ngangkati koperkoper ingkang wonten celakipun Jemini. Jemini ugi gage nututi mendhet koperipun.
Sami-sami mbungkuk, cepeng-cepengan asta. Sanajan sorotipun lampu gas ing pinggir marg i boten patiya terang, nanging cekap kangge ngraosaken esem ingkang sami pepandengan. Oom Piet angsal barang ingkang boten patiya ageng, kreneng saha kranjang isi jajanan. Wagiman sakulawarga dipuneteraken ngantos dumugi seksinipun. Wonten ing mriku Oom Piet asring nglirik Jemini.
Jemini ugi krasa nalika dilirik, mesem-mesem nanggepi panyawangipun Oom Piet ingkang manahipun becik menika. Oom Piet penasaran dhateng Jemini, menapa piyambakipun tetep wonten tangsi menika terus. Oom Piet tambah tresna dhateng Jemini. Nalika boten tugas njagitangsi, Jemini dipunajak mirsani sirkus. Niyatipun Oom Piet menika dipunaturaken dhateng Wagiman saha garwanipun amargi Jemini boten wonten ing griya.
Wagiman nggumun, mekaten ugi Semi, garwanipun Wagiman Oom Piet ngajak Jemini mirsani sirkus. Semi paring palilah dhumateng Oom Piet. Sanesipun ngajak Jemini nonton sirkus, Oom Piet gadhah niyat badhe nglamar Jemini. Nanging Oom Piet bingung anggenipun ngandharaken bab menika. Semi mangertos menapa ingkang dipunkajengaken dening Oom Piet.
Semi bingah menawi wonten priya ingkang badhe nglamar putrinipun, inggih menika Jemini. Nanging Jemini tasih bingung, piyambakipun rumaos dados wanita ingkang ala. Kaping kalih Jemini kesah saking priya nalika dipunajak omah-omah. Jemini dados ginemanipun tanggi tepalih. Sakmenika Oom Piet ugi ngajak Jemini nikahan, boten namung dados munci nanging nikah resmi.
Prakawis menika ndadosaken penggalihipun Jemini jonjing. Kathah priya ingkang dados penggalihipun Jemini, awis saking tiyang ingkang ngajak bebingah, gambaran pagesangan saking ramanipun saha Wak Talib, tiyang ingkang asring paring pasiksan, sakmenika wonten toyang sanes bangsa ingkang ngajak nikah, boten namung dados munci nanging ugi nikah resmi.
Sedaya priya ing penggalihipun Jemini boten wonten ingkang dados pilihanipun, namung Wak Talib ingkang dados pangajeng-ajengipun Jemini menawi benjang jejodhoan kalih priya. Nanging kaping kalih, Jemini kedah nuruti menapa ingkang dados kekajenganipun tiyang sepuh. Wanita jaman semana boten saged mbantah, boten saged milih, ugi tiyang sepuhipun boten kiyat anggenipun mirengaken rerasanipun tanggi tepalih bab Jemini ingkang bola-bali nikah nanging kesah.
Jemini namung nglampahi menapa ingkang dados garising pagesangan. Piyambakipun nuruti menapa ingkang dados kekajenganipun tiyang sepuh. Jemini manggihi pagesangan ingkang enggal nalika gesang kaliyan Oom Piet.
Oom Piet samsaya tresna dhateng Jemini. Pandhangan tiyang sanes dhateng Jemini ugi ewah. Nanging kontrakipun Oom Piet ingkang dados serdhadhu ing Nuswantara badhe rampung. Menawi telas kontrakipun, Oom Piet bakal wangsul menyang negara asalipun, inggih menika menyang Walandi. Bab menika ingkang ndadosaken penggalih antawisipun Oom Piet kaliyan Jemini.
Oom Piet adreng saha taberi anggenipun pados layang palilah dhateng tiyang sepuhipun ing negari Walandi. Kalih tengah warsa anggenipun gesang sesarengan, Oom Piet kaliyan Jemini angsl palilah saking ting sepuhipun Piet saha pangangengipun militer, kekalihipun nikah resmi menyang greja. Jemini ugi angsal nama saking kulawarganipun Oom Piet, piyambakipun dipunwastani Mevrouw Coerszoon. Saksampunipun nikahan, Piet kaliyan jemini pados griya sanes.
Angsal griya pethak ing kampung Gatotan, boten tebih saking greja. Saksampunipun pindhah Jemini rumaos gesang ingkang temenan. Saged kekancan kaliyang tanggi tepalih, boten ngraosaken rekasanipun gesang wonten ing ndalem tangsi.
Oom Piet saha Jemini anggenipun manggen ing Gatotan boten dangu. Piet dipunpindhah dhines menyang Batujajar. Jemini ugi tumut Piet pindhah menyang Batujajar. Jemini bingah nalika piyambakipun saha Piet dipunpindhah menyang Batujajar. Ing mrika wonten Wak Talib, pamanipun Jemini ingkang dipuntresnani. Wonten malih tiyang ingkang dipunremenken Jemini menawi saged kepangging, inggih menika Sarimin, nanging Sariminsampun pindhah dhines.
Ing Batujajar Jemini lairan. Putri ingkang sepisan dipunnamani Linda, nama ingkang dados pangajeng-ajengipun Piet. Oom Piet saha Jemini bingah manahipun, nanging anggenipun anmpi bebingah menika boten dangu, kontrak dhinesipun Oom Piet sampun telas, Piet enggal wangsul menyang negari asalipun.
Piet ngajak Jemini saha Linda menyang negari Walandi, nanging Jemini boten purun. Siyosipun namung Piet ingkang bidhal menyangnegari Walandi. Jemini saha Linda namung ngeteraken dumugi pelabuhan Tanjungpriuk.
Wak Talib nampai layang saking Piet. Langsung kemawon layang menika dipunparingaken Jemini, amargi Jemini boten saged maos kamangka Wak Talib piyambak ingkang maos. Isi layang menika warta menawi badhe wangsul menyang Jawi setunggal wulan malih. Jemini bingah, samanten ugi Wak Talib. Ing dinten kapalipun dugi, Jemini kalih Linda menyang pelabuhan, nengga duginipun kapal Oranje van Oostenrijk.
Jemini wonten ing pelabuhan sareng kaliyan ramanipun. Nalika samanten Wagiman dipunpindhah ing Betawi, mila saged tumut anggenipun methuk Piet. Kapal Oranje van Oostenrijk dugi. Kapal menika mepet ing pelataran pelabuhan. Kathah tiyang ing pinggiran kapal celak jendhela, nanging Oom Piet boten ketingal. Jemini boten ical pangawasanipun, mekaten ugi Wagiman saha garwa ugi tumut ngawasi, nanging boten kepanggih.
Andha kangge minggah-mandhap penumpang sampun gumelar. Tiyang-tiyang ingkang mapag sami ngawe-awe saha nyebut namanipun ingkang dipunpapag. Jemini namung ngawasi kemawon, nanging nalika samanten wonten tiyang Walandi ingkang ngundhang Jemini.
Tiyang Walandi ingkang ngundhang saha nepangi Jemini inggih menika Piet Coertszoon, tiyang ingkang dipuntengga duginipun. Piet boten ingkar dhateng janjinipun, saklajengipun Jemini bakal gesang kaliyan Piet saklawase, miturut adat saha agamanipun Piet.
Mlampahipun warsa, Jemini nglairaken adhinipun Linda, Jemini ugi dipunwulang maos saha nyerat. Jemini kelakon tindak menyang negari Walandi, kepanggih kaliyan marasepuhipun. Jemini saklawasipun gesang kaliyan Piet Coertszoon.
Unsur Intrinsik Novel
a. Tema : Katresnan.
b. Irah-irahan Novel : Jemini. Irah-irahan dijupuk saka tokoh sentral ana ing novel, yaiku Jemini. Jemini dadi tokoh sentral ana ing novel amarga tokoh Jemini duwe gegayutan karo tokoh-tokoh liya-liyane.
c. Isi : Lelakone wong wadon sing manut karo wong tuwane nalika dijodhokake. Kanthi sabar, tawakal, lan usaha wusanane bisa ketemu karo jodhone.
d. Alur : Maju. Alur ana ing novel Jemini kalebu alur maju/ lurus. Miturut kuantitas alure novel iku duweni alur tunggal, amarga ceritane ana ing sawijining tokoh utama yaiku Jemini.
Dene miturut kualitas alure, novel iku duweni alur renggang/longgar, amarga ing sajroning novel ana digresi-digresi. Ana ing degresi iku nggambarake kejeliane Suparto
Brata anggone nguwasani sawijining permasalahan. Menawa ing pungkasan cerita nggambarake yen novel iku duweni alur katutup, sabab ora gawe pitakonan-pitakonan babagan rampunge cerita ana ing novel Jemini.
e. Penokohan
1) Wagiman
• Wicaksana
Iku kabuktekake nalika Oom Piet ngomong arep jupuk munci Jemini arep ditakoni dhisik Jeminine. Amarga Jemini wis dewasa lan duwe hak nemtokake uripe dhewe.
Kutipan:
“Kowe, ki! Aja grusa-grusu! Jemini ki saiki rak wis duwe pikiran dhewe. Lan yen ora dadi pikirane genah yen wateke kaya ngono, ngono, lo.”
“Jangan ambil marah, ya, tuwan. Itu anak prempuwan pancen sok bongol. Jadinya mesthi ati-ati, nyang kalem,” pake Jemini uga kandha grapyak (halaman 132).
• Jirih
Iku kabuktekake nalika ora wani nolak lamarane Oom Piet amarga Oom Piet wong Landa lan pangkate luwih dhuwur tinimbang dheweke.
Kutipan:
“Gelema, ya, Ndhuk. Kopral Dawa mono wong sing kenceng kekarepane, mantep pikirane. Yen muni diukum, ya kudu diukum, yen muni seneng, ya seneng! Kowe aja nggawe cuwane atine, ya, Ndhuk?” panglipure bapake (halaman 136).
2) Semi
• Penyayang
Iku kabuktekake nalika Jemini sedhih, emake Jemini ngelus-elus Jemini. Sanajan Jemini kerep dinesoni amarga nakal.
Kutipan:
Jemini ora mangsuli. Tangise saya ndadra, sesenggruke saya banget, gegere nganti hoyak-hoyak. Dheweke ora tau oleh elus-elus kaya wektu kuwi. Tangane emake rasane nyenengake. Jebul emake ki ya tresna marang dheweke! Wis suwe banget rasane tangane emake ora tau nggrayang sirahe, grayangan katresnan.
Biyen, dhek Sum isih bayek, Jemini kelingan gawene dielus-elus emake. Nanging bareng adhik-adhike lair lan saya gedhe, Jemini luwih kerep diciwel, diunek-unekake, dikongkon lan disentaki katimbang dielem lan dielus-elus. Aneh, awan kuwi, nalika atine anyel, emake namakake tangane kanthi gemati! Gawe ayome atine Jemini (halaman 55).
• Gemi
Iku kabuktekake nalika menehi dhuwit Jemini kanggo tuku kabutuhan tansah di cukup-cukupake supaya ora boros.
Kutipan:
“Mbakone pira, se, Mak?”
“Mbakone sabil, suruh karo enjet saksen. Dadi karotengah sen.”
“Alah, gak kathik sosuk iki? Gae opah! Mongsok gak ngangge opah?”
“Hus, tuman! La sing kok nggo tuku es lilin mau apa?” (halaman 9).
3) Jemini
• Lugu
Iku kabuktekake nalika dijiwit karo emake dikira wis prawan. Jemini durung ngerti tegese iku.
Kutipan:
“Wudun? Ana wudunmu neng bokong, ta? Huh, dakkira...Dakkira kowe wis prawan, Jem! Kaget, aku.”
“Prawan ki yok apa, se, Mak?”
(halaman 5).
• Nakal
Iku kabuktekake nalika wayah bengi, wayah turu, Jemini tangi banjur metu saka omah kanthi mlumpat jendela.
Kutipan:
....Niliki lawang, dikancing, dikunci saka njaba. Jendhela cedhak lawang kuwi dieling-elingi. Diranggeh grendhele. Menga. Dibukak alon-alon, cincing jarit, mlangkah jendhela.nsedhela maneh wis tekan njaban kamar. Jendhela bali dienep, dheweke nggeblas. Nuruti usuking ati (halaman 21).
• Jujur
Iku kabuktekake nalika dikongkon nampa lamarane Den Radiah ngomong yen durung tresna amarga durung tau tepung apa maneh guneman.
Kutipan:
“Piye, Jem?”
“Embuh, Pak! Dakpekire sing dawa dhesik!”
“dipikir barang! Apane sing kok pikir?!”
“Aku dorung eruh, hare, Pak, mbarek ing jenenge Den Radian. Sumpah, Pak.”
(halaman 80).
• Sabar
Iku kabuktekake nalika Jemini disiya-siya karo Den Radian, dheweke tansah narima lan nglakoni urip karo Den Radian.
Kutipan:
Radian kuwaregen, lempe-lempe, glegekan. Ora ngglawat. Cuwak-cuwak tangane sing mambu brutu iwak pitik dikoboke ing banyu dening Jemini, disabuni. Diwisuhi ing kobokan. Tetep ora ngglawat, serdadu setengah mendem kuwi terus dipapah dening Jemini dilakokake menyang peturon. (halaman 99)
Jemini uga sabar nalika nunggu bojone, Oom Piet sing lagi bali ing negara Belanda kanggo sawetara wektu ngurus kontrak kerjane banjur bali maneh menyang Jawa. Jemini methuk ing Pelabuhan Tanjung Priuk kanthi sabar nunggu kapal sing ditumpaki bojone..
Kutipan:
Ing dina wayah kapale teka, isih esuk, Jemini karo Linda lan Wagiman wis budhal menyang pelabuhan. Kapal Oranje van Ostenrijk ing ditumpaki Piet durung teka. Ing pelabuhan ana kapal labuh, kapal penumpang. Ing dhek wonge akeh, sajak sing numpak wong-wong bumiputera (halaman 185).
4) Oom Piet
• Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine ora dienthukake nglakoni pagaweyan sing nyiksa awak.
Kutipan:
“Kena apa kowe mau kok sajak wedi? Kena apa mung ngono wae kok labuhi nangis? Aku rak ora tau kongkon kowe reresik omah nganti nyiksa awakmu?” omonge Piet terus-terusan (halaman 147).
....Taun-taun lumaku, Jemini uga diajari maca-nulis, ya terus lanyah wong saben dina digegulang tanpa kendhat maca buku. Digolekake guru les barang...(halaman 191).
• Tanggung jawab
Iku kabuktekake nalika tansah ngirim dhuwit blanja kanggo Jemini.
Kutipan:
Piet kirim dhuwit blanjane. Saiki Jemini ngreti tenan, yen Tuwan Piet beda karo Oom Slompret. Tuwan Piet benere mono tresna tenan marang dheweke. Marang Linda....(halaman 184).
5) Wa Thalib
• Dermawan
Iku kabuktekake nalika Jemini dislameti amarga wis prawan diwenehi krupuk kanggo para tamu.
Kutipan:
Wak Thalib wadon teka nggawa besek gedhe. Isine krupuk Madiun karo jadah iyas Gresik. Jare dienggo ganep-ganep suguhan.
“Alah, Wak Thalib iki! Kok repot-repot. Iki mung bancakan bocah, kok,” ujare Emake Jemini.
“La anu, ta, Dhik. Mumpung isih menangi gawene Jemini...(halaman 48).
• Gemati
Nalika Jemini ditinggal bojone bali menyang negarane, Wa Thalib sing biyantu Jemini jupuk dhuwit saka bojone, maca lan nulis surat kanggo bojone.
Kutipan:
“Wa Talib. Mangke mang tuliske serat...”
“Iya, iya! Kaya sabene ta wis!”
(halaman 185).
6) Urip
• Sabar
Iku kabuktekake nalika ngadhepi Jemini sing ora gelem turu dadi siji karo bojone.
Kutipan :
Urip ora cumuwit maneh. Kudu sabar, mantene isih giras...(halaman 69).
7) Radian
• Kasar
Iku kabuktekake nalika Jemini dadi muncine tansah disiya-siya lan diseneni.
Kutipan:
Kaya Raden Gathutkaca wayang wong ndhupak buta Rambutgeni patrape Radian ndhupaki Jemini. Jemini tiba kelumah-lumah... (halaman 95).
• Seneng blenjani janji
Iku kabuktekake nalika arep nikahi Jemini yen ana ing Betawi ananging nganti suwe Jemini ora di nikahi.
• Gemi
Iku kabuktekake nalika ngatur dhuwit kanggo kabutuhan tansah diiwit-iwit.
Kutipan:
Bener kandhane Kadinah. Radian pancen gemi. Mula durung suwe anggone manggon neng Betawi wis bisa tuku radio merk Erres. Yen bengi distel klenengan Solo. Lemarine anyar. Wekkere iya anyar, mula sadurunge kebribenan unine slomprat wayah esuk, Jemini wis digugah jam weker (halaman 87).
8) Siti
• Gemati
Iku kabuktekake nalika Jemini isih dadi muncine Den Radian ana ing Betawi, dheweke niliki Jemini.
Kutipan:
Mengkono uga Siti, bojone Oom Slompret sing teka niliki mboklike, dadi welas weruh kahanane Jemini...(halaman 90).
• Welas
Iku kabuktekake nalika nuweni Jemini ana ing Betawi, welas karo kahananipun Jemini sing di siya-siya sarta panganggone sing kurang trep miturut adat Jawi.
Kutipan:
“Ah, nanging yen kaya sampeyan ngono kuwi, Lik, aku ya ora betah nglakoni. Dupeh lanang. Dupeh pangkate dhuwur..!”
“Lik. Sampeyan neng ngomah kok nyandhang kaya ngono kuwi? Apa ora isin, awakmu katon ngengla ngono?”
9) Kadinah
• Ora dendam
Iku kabuktekake nalika arep babaran jaluk ditunggoni karo Siti, sisan mangestoni antarane Den Sutras karo Siti.
Kutipan:
“Yu Siti. Den Sutras isih tresna kowe, Yu.”
“Aja mikir kang mengkono, Nah. Awakmu isih ora kepenak.”
“Kowe uripa neng kene maneh, ya, Yu. Awor aku.!” (halaman 171).
10) Ngadinem
• Seneng godha
Iku kabuktekake nalika godha bojone wong liya, dijak ketemuan ing wayah bengi.
Kutipan:
“La kowe mengko bisa metu, ta, Mas?”
“dak pamit main sekak neng nggone Oom Slompret.”
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”
“Tenan, ya. Aja lali. Saiki dak mulih dhisik. Kowe arep adus?”
“Iya.”
“Aku melu mlebu, ya?”
“Sssst! Aja saiki, ah, isih padhang. Sapa ngreti, ana wong sing kasep adus maneh. Blai awake dhewe, konangan!”(halaman 16).
f. Setting
• Latar Panggonan
1) Kompleks Tangsi Surabaya :
A. Omah Dines Wagiman
Kutipan:
Kaya serdhadhu kumpeni liyane, Wagiman saanak bojo urip ing tangsi kono oleh kamar sacumpleng. (halaman 10).
B. Kampung Landa
Kutipan:
...Jemini nutugake golek codhotan menyang Kampung Landa, yakuwi lojiloji gedhe dalah paviliyune, sing madeg dadi pagere tangsi sisih kidul lan wetan. (halaman 22).
C. Dapur Umum
Kutipan:
Geger! Pawon Umum ing tengahe tangsi kuwi dadi rame..(halaman 4).
D. Kamar Mandi Umum
Kutipan:
Jemini tangi, terus mlayu menyang kamar mandhi. Sing disebut kamar mandhi, kanggo bapak-bapak karo keluwargane ora padha. Bapak-bapak kaum priya sisih wetan. Wong wadon karo bocah-bocah ing sisih kulon (halaman 15).
2) Tangsi Sambongan
Kutipan:
Kocapa Jemini. Bubar gawe banjur diboyong menyang Tangsi Sambongan, panggonane Urip (halaman 63).
3) Tangsi Betawi (Jagalan)
Kutipan:
Ing Betawi tangsine luwih gedhe. Luwih amba...(halaman 86).
4) Stasiun Pasar Senen
Kutipan:
... Sawise diurut, lakune tekan stasiun Pasar Senen. Kahanane sepi mamring. Alon-alodheweke nyedaki lawang, arep mlebu. Diendhek sing jaga lawang (halaman 104).
5) Stasiun Padalarang
Kutipan:
Mudhun ing stasiun Padalarang wis sore (halaman 106).
6) Tangsi Batujajar
Kutipan:
“Teng Tangsi Batujajar gelem, Pak?” (halaman 106).
7) Omahe Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
“Kula madosi wong sing namine Kdhuwitkusumah,” omonge Jemini takon marang wong nom-noman sing dhines piket tangsi.
“Ngga, kula terke teng nggene Raden Kdhuwit,” ujare prajurit jaga sing sepisanan dijak ngomong Jemini kuwi (halaman 107).
8) Kantin Ibu Semi
Kutipan:
Sore-sore sumuke eram. Wong-wong lagi appel. Trompet asyar lagi wae keprungu. Ing kantin sepi...(halaman 120).
9) Kampung Gatotan
Kutipan:
Sawise nikahan, Piet karo bojone golek omah liya. Oleh omah pethak ing kampung Gatotan, ora adoh saka Greja (halaman 173).
10) Blawuran, Tunjungan, Gemblongan, Pasar Turi
Kutipan:
Yen mulih saka Tunjungan utawa mlaku-mlaku neng Gemblongan, padatan mampir Pasar Turi (halaman 174).
11) Tangsi Batujajar
Kutipan:
Manggon ing sewan omah Gatotan pranyata ora suwe. Ketungka dipindhah dhines menyang Batujajar! (halaman 178).
12) Pelabuhan Tanjung Priuk
Kutipan:
Sidane mung Piet Coertszoon sing budhal menyang Negara Landa. Linda lan Jemini ngeterake tekan pelabuhan Tanjung Priuk (halaman 181).
• Latar Wektu
1) Tanggal selawe
Kutipan:
“Lo, Wak Talib! Mangga, mangga. Tanggal pira, ta, ki kok....!? e, iya. Tanggal selawe. Beneran, telat mangan niki wau. Durung leyeh-leyeh...(halaman 12).
2) Jam sanga
Kutipan:
“Jam sanga theng, ya? Yen kenthong penjagan ditabuh, aku budhal mrene. Kowe aja kasep.”
3) Karotengah jam
Kutipan:
Let karotengah jam Jemini bali. Krenggosan. Dheweke ora tau lunga bengi ijen..(halaman 21).
4) Sawulan Suwene
Kutipan:
Wis meh sesasi Jemini neng omahe Raden Kdhuwitkusumah. Bocahe katon krasan..(halaman112).
5) Jemini ing omahe Raden Kdhuwitkusumah
Kutipan:
Sarimin teka maneh. Saiki meh ajeg-ajegan mertamu menyang omahe Raden Kdhuwitkusumah. Ora njujug ngarepan, nanging mlipir-mlipir liwat ngiringan omah, njujug tunggone Wak Talib.
“Dhik Jemini teng pundi, Wak?”
“E, Nak Sarimin! Manggak-manggak. Jemini, embuh iki mau menyang endi. Sakesuk kok sengkut olehe nyambutgawe. Ya nyapu, srebet-srebet prabot, ngepel jogan..(halaman 111).
6) Sewulan pisan pendhak tanggal enem likur
Kutipan:
Sewulan sepisan, saben tanggal nemlikur, serdhadu kompeni sing wis omah-omah nampa rangsum bahan panganan (halaman 28).
7) Dina minggu ana ing acara matinéé
8) Ing sawijining dina
Kutipan:
Ing sawijining dina, Jemini dolanan ijen ing urung-urung mburi tangsi..(halaman 42).
9) Wulan Oktober ing sasi ketiga.
10) Karo tengah taun
Karo tengah taun manggon saomah karo Piet Coertszoon ing loji Kampung Landa Jemini disebut munci...(halaman 172).
11) Ing wayah bengi
Kutipan:
Wis bengi. Kliwat jam loro. Urip sing nungggoni neng ngarep kamar gragapan tangi...(halaman 180).
• Latar Swasana
1) Meriah nalika dina nikahe Jemini karo Urip
2) Tegang karo panas nalika bengi kapisan nikahe Jemini karo Urip.
3) Sedhih nalika Jemini disiksa karo Radian.
4) Bingung nalika Jemini ninggalake tangsi Betawi (Jagalan), lan wusanane lunga menyang Padalarang.
5) Sedih nalika Jemini diseneni karo Wagiman amarga ninggalake Radian tanpa pamit.
6) Sedih nalika Oom Piet Coertszoon pedhot karo tunangane Marie Wevers.
7) Sedih nalika Oom Piet Coertszoon durung enthuk izin nikah karo Jemini.
8) Sedhih nalika Siti ditakoni Jemini babagan anak-anake sing digawa Oom Slompret bali ing Belanda.
9) Swasana sedhih nalika Kadinah arep babaran, jaluk tulung karo Jemini nyeluki Siti supaya nunggu lairane.
10) Swasana seneng nalika Oom Piet Coertszoon enthuk izin nikah karo Jemini banjur digawa menyang Gereja.
11) Swasana bingung nalika Jemini nunggu tekane Oom Piet Coertszoon saka Belanda.
12) Swasana haru nalika weruh Oom Piet bali saka Belanda ana ing Pelabuhan Tanjung Priuk.
g. Sudut Pandang
Sudut pandang ana ing novel Jemini gunakake wong katiga utawi gaya serba tahu. Pengarang nyebutake jeneng-jeneng tokoh sing ana ing novel Jemini. Saengga pengarang bisa jelasaken cerita kanthi mardika.
h. Gaya Bahasa
Gaya bahasa sing digunakake ana ing novel Jemini yaiku:
1) Repetisi
Kutipan:
‘Jemini ngenteni. Ngenteni nganti wong wadon mau gebyur.’ (halaman 16)
Miturut kutipan iku ngandarake yen Jemini ngenteni, ngenteni wong sing lagi adus. Kutipan kuwi kalebu repetisi jenis anafora amarga wujud penanda ngenteni kuwi dadi tembung kapisan ing ukara kapisan sing dadi tembung kapisan kanggo ukara candhake.
2) Sinonim
Kutipan:
’Padatan sing diomongake crita-crita nalika ana padesan. Critane kaum pamili lan kabar anyar saka kampung. Kuwi wae ora tau kentekan warta.’ (halaman 19)
Miturut kutipan iku nuduhake yen masyarakat tangsi biyasane nyritakake cerita-cerita nalika ing desa. Tembung sing padha-padha duweni teges padha yaiku kabar lan warta.
3) Antonim
Kutipan:
‘Bengi kuwi, merga awan mau keturon neng ngisor longan, Jemini ora ngantuk’ (halaman 19)
Wujud penanda ing dhuwur duwe oposisi mutlak, yaiku pertentangan teges sing mutlak antarane tembung bengi karo tembung awan.
4) Hiponimi
Kutipan:
‘Ora mung wong Jawane, dalah Landa-landane sing manggon neng Kampung Landa, padha melu repot ngatur patroli, piket lan liburan. Kanca-kanca para serdhadhu tangsi liya kayata Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, Tangsi Wonokromo, kabeh diulemi.’ (halaman 58)
Miturut kutipan kuwi nggambarake yen kabeh prajurit Jawa lan Landa, kabeh melu repot ngatur patroli, piket, lan prei. Kanca-kanca ing asrama sing diundang kayata sing ana ing asrama Dinaya, asrama Gatotan, asrama Wonokromo.
Kutipan kuwi duweni penanda hiponimi.Wujud pananda ing dhuwur sing dadi hipernim yaiku tangsi liya lan sing dadi hiponime yaiku Tangsi Dinaya, Tangsi Gatotan, Tangsi Wonokromo.
5) Kolokasi
Kutipan:
‘Yen manten metu, dilungguhake ing kursi manten. Kursine direngga kembangkembang kertas maneka maneka warna. Sandhangane manten ganti-ganti.’(halaman 59)
Miturut kutipan ing dhuwur nggambarake nalika manten metu dilungguhake ing kursi manten. Kursine dihias kembang-kembang kertas manekawarna. Pakaian mantene gonta-ganti.
Ing kutipan kuwi ana tembung manten, kursi manten,lan sandhangan manten sing berkolokasi lan melu dukung jangkeping wacana kuwi.
6) Ekuivalensi
Kutipan:
“Niku wau putrane mrika,” ujare bapake Jemini nalika dicukur Wak Talib. Wiwit ngarepake pensiun iki Wak Talib nyambi dadi tukang cukur, mlebu tangsi nyukuri para prajurit gentenan. Wagiman kena giliran saben tanggal selawe.’ (halaman 13)
Miturut kutipan kuwi nggambarake yen bapake Jemini dipotong rambute dening Wak Talib. Wak Talib nyambi dadi tukang cukur wiwit dheweke pensiyun. Ora mung nyukur Wagiman, ananging uga para prajurit tangsi. Kutipan kuwi kalebu ekuivalensi.
Wujud pananda dicukur, cukur, nyukuri kuwi asale saka tembung cukur sing entuk imbuhan di- ing tembung dicukur lan imbuhan ny- ing tembung nyukuri.
i. Pesen/amanat ana ing sajroning novel Jemini yaiku:
1) Pentinge pendidikan kanggo wong tuwa karo anak.
2) Luwih apik menawa wong tuwa ora meksa anake nindakake kawin peksan.
3) Sanajan elek tindak tandhuke anak, wong tuwa bakal ngapurani, gelem narima lan bimbing ana ing kabecikan.
4) Apik lan eleke wong ora gumantung karo warna kulit.
5) Ngelingake supaya jaga jeneng apike wong tuwa.
6) Ngelingake supaya dadi anak sing ngabekti karo wong tuwane.
7) Rodaning urip tansah muter, kadhang kala ana ing dhuwur, kadhang kala ana ing ngisor.
8) Sawise kasusahan bakal nemoni kasenengan kanthi sabar lan tawakal.
9) Tresna sejati iku bakal teka ing wayah sing apik lan wis pesthi.
10) Ngelingake supaya ora ngumbar hawa nepsune.